Tangi awan dionekke bangsawan, bangsane tangi awan
Ora tangi-tangi dianggep mati, dikubur
Njur piyeee…….?
Tangi isuk-isuk langsung adus, kademen
Adus nganggo banyu anget, boros
Ora adus, dionekke crobo
Njur piyeee…….?
Mangan sethitik, cepet luwe
Mangan akeh, dionekke dokoh
Ora mangan, lemes, loro, iso mati
Njur piyeee……..?
Numpak montor ngebut dionekke pecicilan, byayakan
Nek ora ngebut, mengko telat
Ora lungo sisan dianggep mblenjani janji
Njur piyeee……..?
Pancen gampang ngonekne uwong
Sak cangkem-cangkeme waton gathuk
Sak uni-unine waton nglarani/olo
Wis, rasah crigis, rasah iyik, rasah crewet, rasah opo-opo/ngopo-ngopo
Uripku, uripmu, ora kudhu podho
Turu sak bantal wong loro, iso bedho-bedho ngimpine
Mangan sak piring wong loro, iso bedho-bedho rasane
Bedho carane urip, bedho carane mikir, bedho carane nyawang kahanan, mesthi yo bedho carane temandang
Sing penting iso ngrampungi masalah
Aku ora butuh tok pahami, tok mesakne
Mung tak jaluk kowe rasah crigis, rasah iyik, rasah crewet, rasah ngopo-ngopo
Wis gedhe tuwo kudune ngerti
Nek kupingmu kui iso nggo ngrungokne,
Ora mung nggo dalan kopok!
Nek matamu kui iso nggo nyawang kahanan
Ora mung nggo nyawang …..(opo hayo?)
Nek utekmu kui iso nggo nggagas lelakon
Ora mung nggo mbayangke…..(opo hayo?)
Uhhhh….
By: Ipung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar